Tutorial Cryptohero Lengkap Bahasa Indonesia | Cryptocurrency Indonesia

Tarjo Kaget

Image result for humor
Ayo ngguyu.............. (Bahasa Jawa)

PANGLING

Isuk mau ....
Tarjo tonggoku apel ning omahé Susi.
Tekan omahé Susi, Tarjo lingguh kursi karo ngrogoh sak (saku) celono jupuk rokok

TARJO : Dik Sus, sampéan duwé korèk.......
(Tarjo duwé rokok gak duwé korèk)

SUSI : ènèk mas, sampéan golèk'i ning njero laci lemari

(Tarjo golèk'i korèk malah nemu fotoné wong lanang sing awak'é gedhé, Bréngosé kandel, Tarjo penasaran karo foto wong lanang iku njur takon marang Susi )

TARJO : Dik Susi, iki opo fotoné mantanmu biyèn?
(cemburu tingkat RT)

SUSI : ora mas

TARJO : opo foto kuwi calon bojomu??
(cemburu tingkat kecamatan)

SUSI : ora mas, sampéan kan sing bakalan dadi bojoku

TARJO : Kuwi mesti fotone Mas mu yo, mergo rupané mirip sampéan???
(cemburu tingkat kabupaten)

SUSI : di kandani ora kok mas

TARJO : lha terus iku fotoné sopo?

SUSI : (nyedak'i Tarjo  njur njaluk pangku)
Nèk tak kandani foto kuwi, sampéan janji ora bakal nesu ??!!

TARJO : aku janji ora bakalan nesu dik Sus..

SUSI : (di pangku Tarjo karo ngelus ngelus rambuté)
Iku ngono fotoku biyèn sak durungé operasi mas ..... !!!

Tarjo tibo nggeblag seko kursi, njur kejèt kejèt ayan'né kumat

😂😝😜😃😆😄😅😜

Komentar